Powered By Blogger

Selasa, 09 Oktober 2012

GAPTEK Gagap Teknologi


GAPTEK
Gagap Teknologi


Dina wis awan jago wis pada ora kluruk naging Indri agek tangi, pancen deweke kesed, sakwise tangi, Indri banjur ados.Rampung ados deweke ndelok tv, ora suwe deweke etuk telpon saka Budi  kancane dek jaman iseh SMP kang wis meh seprapat abad ora ketemu.
“hallo, ......” Indri mbukak omongan
“hallo, iki Budi kanca SMPmu mbiyen “ Budi mangsuli
“Oo, Budi , wis suwe ra ketemu, Piye saiki kabarmu?” Indri takon
“Kabarku apik, lha awakmu piye?” Budi balik takon


“Aku apik-apik wae, Eh Bud SMPne dhewe arep nganaake reunian wulan ngarep iki . kowe kira-kira iso teka apa ora?”wangsulane Indri
“Aku kepengen sakjane nanging Lagi akeh gawean, ngene wae informasi reunian kuwi mau dikirim wae liwat e-mail, luwih ngirit lan penak. Kowe duwe e-mail to?” Budi takon
“ e-mail, aku ora duwe.” Wangsulane Indri
“Ora?” Budi katon Kuciwa.
Ora ngira omong-omongane wis suwe Budi pamitan karo Indri banjur nutup telpone. Mila, adine Indri kang kawit mau asik menthelengi komputer, lan Mita takon.
            “Aku mau krungu e-mail emange ana apa?” Pitakone Mila
            “ Iku Budi kancaku SMP, takon aku duwe e-mail po ora.”
            “ Mbok gawe ta Mbak, sing canggih sithik ngono lho. Kapan anggonmu arep maju?” Mila nyemoni.
            “ Males Mil nyinau cara-carane, ketoke angel lan njlimet.”
            “ Walah barang ketok wae isih nganggo angel barang, ketinggalan kowe kuwi mbak.”
            “Pancen Mil, wis saya tuwa dadi memeng sinau teknologi anyar. Lha nek arep gawe e-mail iku kepiye carane?”
            “Gampang sesuk nek arep gawe omong karo aku tak gawekke.”          
            Indri mung manut apa kang diomongake Mila. Kanthi bantuane Mila Indri sida duwe e-mail. Sepisan sek dikirimi informasi yakuwi Budi. Budi Ngepasi reuni Budi temen-temen ora bisa teka. Deweke njaluk dicritani lan dikirimi fotone kancane.
 Indri lan kanca-kancane wis nganaake reuni naging Budi ora bisa teko. Indri banjur ngirimi foto-fotone dek reuni lan nyritaake kedadean ono ing reunian lewat internet utawa lewat e-mail. Budi seneng lan kuciwo, seneng bisa werus kanca jaman SMP, nanging kuciwa amargo ora bisa ketemu langsung karo kanca-kancane kuwi mau.
Banjur kuwi Indri ora bisa kirim e-mail amargo Mila adine kang biasane marai lagi lunga menyang Surabaya. Deweke ora bisa chatingan meneh karo Budi
            Wis rong Minggu Mila lunga akhire deweke bali. Indri banjur ngajak Mila menyang warnet, deweke arep nileki balasan e-mail saka Budi, naging Mila omong yen e-mail le ora ono balesan alias kosong,
Indri bingung, mengko Budi konangan karo bojone, opo Budi anggone ngenet ana ing kantor, nanging indri mikir yen sek deweke tulis iku dudu layang tresna nanging mung crita-crita ngenani kahananku saiki lan kahanane kanca-kanca SMP kabeh.
“Budi pancen lagi akeh masalah” Kandane Iwan, sahabate Budi
            Indri sengaja nekani Iwan saperlu nekoake kahanane Budi. Mung Iwan kang ono ing pikirane lan Iwan uga kanca kang paling cedhak karo Budi. Iwan ngomong yen anake Budi mondok pirang-pirang dina ana ing rumah sakit. Indri ngrasa melu susah naging deweke ora bisa ngewangi opo-opo.
            Ora suwe hapene Indri muni, iku SMS saka Budi gage banjur di bukak unune kaya ngene.
            “ Tulung cepet neng warnet , aku arep chating!”
            Indri Bingung amargo Mila wingi lagi budhal menyang Jakarta. Indri ora mungkin menyang dewe neng warnet lha wong dheweke ora bisa ngaggo komputer. Seprapa jam bacute hape ne Indri muni maneh.  Unine SMS mengkene.
            “ Piye In, tak tunggu, penting!”
            Indri kringetan deweke bingung arep kepiye. Arep menyang warnet nanging ora iso ngaggo komputer. Saiki jam rolas kliwat rongpuluh menit. Budi mesti lagi istirahat. Piye iki? Nek pancen penting kena opo ora nelpon wae. Apa dheweke duwe pertimbangan dewe ora gelem telpon nanging milih chat liwat internet?
            Indri omong marang awake dewe.
            “ Apa becike terus terang wae karo Budi yen aku ora bisa chating? Apa ora ngisin-isini? Jaman globalisasi kik gaptek, gagap teknologi.”
            Sidane Indri telpon karo Budi ngaggo telpon rumah. Dheweke alasan yen dheweke ora bisa lunga menyang warnet amargo lagi repot, nanging Indri ora blaka yen repote mau mergo dheweke ora bisa chating.
            Indri trimo kelangan pulsa tinimbang nanggung wirang neng ngarepe Budi.
            Indri ora mikir kepiye anggone dheweke mbayar rekening telpon mergane pulsane abuh sak gajah gembiraloka ngrungaake panguneg-unege Budi kang lagi nandang masalah.          



0 komentar:

Posting Komentar